dimaschandrasaputra.blogspot.com
-

Wong Jowo neng Suriname

Wong Jowo neng Suriname

Koyo sing wis diipratela'ake neng posting sak durunge, wong Jowo iku ono neng endi-endi, ora mung neng bumi Jowo utowo Indonesia wae. Salah siji negoro sing akeh wong Jowone yoiku Suriname. Paling ora ono luwih soko 80 ewu wong Jowo neng negoro sing ndisek dadi kuwosone Londo (the Netherlands). Keturunan Jowo neng Suriname saiki kuwi iseh nduwe sedulur cedak neng Indonesia. Tapi mergo wis kepisah adoh anget seko asale, akeh adat lan bahasa asli Jowo sing wis luntur ora koyo asline.

Wong Jowo teko neng Suriname digowo karo Londo dino 09-09-1890, utowo uwis 117 tahun. Ora nggumun nek akeh sing bedho antarane Jowo asli neng Indonesia karo Jowo Suriname. Salah sijine yoiku wong Jowo Suriname wis akeh sing ora iso boso Jowo Kromo. Iki akeh ditemoni neng Prambanan utowo Borobudur, ono cah nom seko Suriname utowo Londo sing asline Jowo tapi ra iso boso kromo. Dadi isane yo mung boso ngoko. Wong Jowo Suriname sing nom ugi ora nduweni karep balik meneh neng tanah leluhure, bedho banget kare simbah-simbahe sing kepengen banget iso balik lan urip neng Jowo

Neng Suriname, wong Jowo biasane urip sak kampung, opo meneh neng ndeso-ndeso utowo neng kebon-kebon. Mulane wong-wong Jowo iki diangkut Londo kanggo dadi pegawe neng pabrik gulo sing jenenge 'Marienburg'. Indonesia lan Suriname podo-podo dadi jajahane Londo, dadi yo penak wae nggowo wong Jowo seko Indonesia neng Suriname. Mergo adoh banget, roto-roto wong Jowo iku podo ora iso balik meneh neng tanah asale. Bejo banget sing uripe kepenak mergo iso lungo dewe neng Jowo, sing uripe kere yo mung iso angen-angen thok arep balik lan ketemu karo sedulure neng Jowo.

Sak uwis kontrak'e dadi 'penangsi' utowo buruh neng Marienburg, ono wong Jowo sing langsung balik neng Indonesia. Tapi ono sing ora iso bali lan sisane malah lungo neng Londo. Akeh wong Jowo neng Suriname sing tani, nggarap kebon, utowo dadi nelayan. Tapi yo akeh sing uripe mulyo-mukti. Cah wedhok Jowo tau dadi Miss Suriname. Neng acara 'Konggres Bahasa Jawa' kerep ono tamu wong penting (menteri/minister, pedagang/businessman) seko Suriname sing nyatane wong Jowo keturunan Magelang, Sragen utowo Suroboyo. Salah sijine sing iso didak'eke contoh Bapak Paul Salam Somohardjo sing menang bithingan De Nationale Assemblee. Partai-partai (party/partij) wong Jowo emang akeh neng Suriname, koyo partaine Pak Paul Salam Somohardjo yoiku Partij Pertjajah Luhur. Trus ono Partij Pandhowo Limo, Partij De Selikur, Partij Pembangunan Rakyat Suriname, lan Karukunan Tulodho Pranatan Inggil (KTPI).

Menteri-menteri Suriname saiki yo ono sing Jowo, Menteri Pendidikan, Sport lan Kabudayan Drs Edwin Wolf, Menteri Kesosialan lan Omah Hendrik Setyo Widjojo, ugi Menteri Pernatan Tanah lan Pernatan Alas M. Yong Tjin Fa sing sak jane Jowo-Chino. Kanggo ngelingake masyarakat Jowo karo budoyo asline, didek'ake TV Jowo koyo Garuda TV, Mustika TV utowo Bersama TV. Radio-radio Jowo yo ono, antarane Radio Pertjaja. Jeneng Salimin Ardjooetomo ngetop banget neng kono, mergane Bapak Salimin iki budayawan sing nguri-uri budoyo Jowo neng Suriname.





2 komentar:

Kiyai Muda NU pl Minggu, 20 Juli, 2014  

Orang JAWA generasi Suriname pakai ejaan Van Ophyusen Zaman 1940-an,anda lebih baik ketik ejaan VO untuk search Java netherland Suriname.pasti banyak temukan website Java Suriname.from Mr.KY MASRUR AM,BA

Kiyai Muda NU pl Minggu, 20 Juli, 2014  

Click
http//:www.rtv-garuda.com

Posting Komentar